Buatkan tembang sinom tema ibadah
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban claramatika
Mata pelajaran: bahasa daerah (Jawa)
Kelas: XI SMA
Kategori: tembang macapat
Kata kunci: sinom, ibadah
Jawaban:
Tembang sinom kanthi tema ibadah
Wewathon: 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a
Ibadah laku utama
Tumrape wong kang ngauripSholat zakat uga pasa
Nora keri munggah kaji
Uga pakerti becik
Ora namung anut grubyuk
Marang kang ora guna
Tumindhako kang pratitis
Sing diarepke bisa munggah suwarga
Pembahasan:
Tembang macapat kang uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sak pada. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (kecap) saben sak gatra. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Tembang macapat ana 11 yaiku:
Maskumambang, Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung.
Gunane tembang macapat yaiku :
1. Kanggo bawa tembang utawa ngiringi gendhing.
2. Kanggo ngarang kapustakaan Jawa.
3. Kanggo lagu pengiring kethoprak utawa wayang wong.
4. Kanggo parikan utawa dhagelan.
Tembang sinom kalebu salah sijining tembang macapat kang duwe aturan guru wilangan lan guru lagu 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a.
Sinom artine pucuk kang lagi thukul, maksud tembang sinom yaiku bocah enom kang samsaya gedhe, prayogane akeh sinau, kekancan, lan sabar kangge nggayuh urip kang becik.